Aku entuk watu aji saka Mbah dukun kang mertapa ing Candi Bantakan. Solah bawane pawongan iku katon mrebawani. Mula aku mung inggaah-inggiiih wae tanpa ana sekuku ireng rasa was sumelang kang tukul sajroningati marang dheweke.
Persis!
Persis pengalamane Pakdhe Hamsad Rangkuti nalika entuk akik kang bisa kanggo kontak kalawan arwahe janma kang wus tilar donya. Uga kena kanggo pamikatsih, kayadene yen ana kenya ayu lencir kinyis-kinyiiis, bakal gulung koming kasmaran yen ketanggor akike pakdhe.
Nanging sawabe watu ajiku rada beda sithik: Sapa wonge bakal sedheku sujud ana dlamakan sikil kiwaku. Carane nggunakake, nglafal ta’awudz kasambung basmalah, banjur ngunjal ambegan landhung, trus kasebulake kanthi matek apa kang sinedya sajroning kalbu. Kaambal kaping telu. Wus ta, percaya wae. Watu ajiku bakal rewang-rewang mrantasi gawe parigawe.
Ora mung sapisanan aku mbuktekake kasiyate watu ajiku kang warnane ijo giok. Ora mokal yen nganti telung periode iki aku bisa sempulur dadi pamomonge desa, ora ana panggodha piawon gedhe kang daktemoni. Wong-wong kandha jare dina kelairanku tiba satriya wibawa. Wah, begja tenan awakku, najan ta akeh wong kang lelara Aids alias Apriori Iri Dengki lan Srei. Nanging kecik diocak-acik mrico pala agawe dhakon, karepku mono dakgawe becik tinampa ala mangga kemawon. Paugeran uripku mung siji, sajangkah laku bisaha kangga kabecikan liyan.
“Bune, apa wus titi wancine jaman anyakra manggilingan?”
Imah bojoku kinasih lenyeh-lenyeh ana pangkonku njuk sinambi teturonan. Ing kamar ngarep Edi lan Nana wus kaliyep impen, bubar sinau.
“Apa ta, Pakne?” tambuhe ora mudheng kang dakrasakake.
“Kae lo… ing lintasan warta teve sore mau. Mahasiswa nuntut lengsere Bapak Presiden kita. Kamangka durung suwe diangkat dadi pemimpin negara, hlah kok, hemmm… ana-ana isen-isene donya.”
“Hem..” wangsulane bojoku karo mepedake sirahe nyang dhadhaku. Pikirane melu tumlawung.
Saka njaba, swarane gangsir ngentiiir nggawa hawa adhem. Melunge gemak nyigar wengi padesan kang ayem tentrem. Wus lawas tentreme Desa Kasobengkelung kayadene negara Dwarawati ing jaman semana. Yaiku negara kang panjaang punjuuung pasir wukir gemah ripah loh jinawi. Nanging pungkasan iki ngecake cecak asring aweh sasmita yen bakal ana kedadeyan gedhe kang bakal tumama.
“Pakne?”
“He…”
“Hemmm…”
Wengi saya samun. Thing-thong jam tembok wus tabuh sanga. Mripat wus ngajak turu nanging pangangenku isih pengin ngulandara, nglanglang desa njajah dhukuh sing dadi momonganku. Jenenge wae lurahing desa, gelem ora gelem kudu ngutamakake keperluwane warga tinimbang kulawarga.
Njur watu aji kang awarna ijo manda-manda mau daksebul ambal kaping telu. Dhuh Gusti ingkang Murbeng Dumadi, kawula nyuwun kekiyatan mugiya saged dados pangayoman dhumateng sesamining titah, khususson warga desa kawula. Tan karasa luhku tumetes.
“Salawase aku ngemong warga desa aku ora nate emban cindhe emban siladan. Wargaku ya sadulurku, warga ya jiwaku, ya rasa pangrasaku…”
“Lha terus, geneya panjenengan ndadalk wae was sumelang?”
”Bune, sliramu ngerti Carik Tuwo? Jebul culika marang warga desa, yakuwi slikat-slikuuut pemutihan sertifikat lemah pategalan lan sawah.”
“Njuuur?”
“Ya merga kelakuwane mau, kepeksa aku kuduu…”
“Lengser ngono?!”
“Hemmm… he… eh…”
“Ora adil ta, Pakne. Kang nduweni salah kan…”
“Bune!” tambuhe dakpenggak aja nganti nganbra-ambraa. Pancen ngono tanggung jawabe ndhuwuran. Yen andhahan polah kudu gelem melu kepradhah, melu gupak pulut najan ta ora mangan nangkane.
“Yen wus dadi putusane panjenengan… aku mung manut.”
Setengah liyep-liyep Imah dakrangkul.
Bune, gunemku ing batin, aku neteske luh dudu karana kuwatir lengser ninggal pakaryan, nanging marga isih akeh wargaku kang uripe cintraka. Nanging jaman wus anyakra manggilingan.
“Mbok coba nyuwun marang watu ajimu, Pakne.”
“Watu ajiku iki rak mung minangka lantaran, lan dakrasa sajak wus kedaluwarsa khasiyate. Najan daksebul ambal kaping sangangpuluh sanga… ya tetep aku lengser keprabon, jalaran iku pancen wis dadi garising pesthi.”
Wengi sangsaya nyenyet. Aku lan Imah luyup-luyup tumlawung ing pangangen tan genah juntrunge. Saka kadohan lirih keprungu tembang megatruh, tembange tanggaku Mbah Slamet kaya adate saben wengi rerengengan macapat:
“… dhuh-dhuh adhuh
Pangeran kang Maha Agung
ngegungna ing pangaksami
sagung kalepatan ulun
tebihna ing sisip sembir…”
“losari wolu telu sanga-sanga”
(PS. No.20. 19 Mei 2001. Setu Kliwon. Hal 23)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar